Kritik & saran positif silakan di email abd.kholik99@gmail.com / abd.kholik67@yahoo.com

Senin, 10 Maret 2014

Cerita polisi Gegana asli BANYUMAS.

Kijang 1 neng kijang 2. Priben  kondisi neng kono..??- Ganti! Sersan : ”Nyong neng ngarep  bom kiye pak komandan, mohon instruksine,-Ganti!  Komandan ; ”bersihno  ndise  areane sersan ! ”
Sersan : ”Siap Ndan !!”” Lapor Ndan, area wis bersih!!-Ganti! Komandan : ”Ok, saiki kowe  fokus neng  bom mau yo?! Pirang  menit waktu sisane sersan?
Sersan : ”waktu itungan mundur.   00:05:15 Ndan.. !!” Komandan: cepet  buka tutup bome nganggo drei,! Sersan:"Bom wis dilokalisir ndan, ono 4 kabel, njaluk  instruksi Ndan!!".           Komandan: "ketok kabel ijo? Digunting!"
Sersan: "Siap"
Komandan : "Priben  sersan? Wis mati durung?".           Sersan : "Durung  ndan, malah tambah cepet kiye waktu mundure  Ndan ??!" Komandan: "Mau kabel warna apa sing diketok..?".          Sersan: "Ijo  Ndan"
Komandan: "Lha... Ora salah ngetok kowe..?
Sersan: "Siap NDan, mau nyong ngetok sing warna ijo.     Komandan:  "warna kabel apa bae sing sisa?                   Sersan: "Abang, ireng karo ijo Ndan!!"
Komandn:" HAHHH ! Kok sing ijo iseh ono????!!            Sersan: " Sing ijo pancen ono 2 Ndan !..sing 1 ijo godong & sik 1 ijo langit. Sing tak gunting mau sing ijo langit"
Komndan : "Lah gemblung apa kowe?! Langit kue warnane  biru suuuu, dudu ijo goblog!!".     Sersan:"Lha nek neng kampungku ijo lho  Ndan".       Komandan:"Wis sekarepmulah!! Berarti sing mau kowe ngetok kabel biru?".       Sersan: "Iya Ndan, siap nampani  instruksi maning..!!    Komandan: "Guoblog pancen kowe!!!!, lha nek kabel biru sing dipotong ya tambah cepet kuwe waktu bom bakal njeblug!"(Neng radio wis krungu  si sersan panik)Sersan:"Kondisi darurat ! Bom 15 detik maning....   Komandan : "OK, siki kowe tirokna omonganku yo!!!""X_X Sersan: "Siap komandan!" Komandan : Ngucapna : ...."Laa Ilaahaillallah"...

Tidak ada komentar:

Posting Komentar